OPINI: Elmu Anyar “Mental Salto”

 

Foto : dok (tim/fokuslintas.com)

 

FOKUSLINTAS.com – Ono ibu-ibu pinisuhan nang medsos amargo dheweke kaanggep nerak tatanan rikolo numpak MRT utowo (mass rapid transit) utowo moda raya terpadu ing Jakarta ajejuluk Ratangga (hmm, Ratangga kuwi tembung Kawi kanggo kreto perang).

Si ibu gelantungan soko gantungan kang semestine kanggo cekelan penumpang kang ngadeg.

Wis ora kurang panyacat tumuju dheweke: norak, ndesit, lan sapiturute. Jare Jon Lebay, tumindake si ibu pancen kleru ananging opo iyo kudu pinisuhan kanthi mangkono?

Piye nek kuwi sakjane iseng, opo malah ungkapan gumbiro biso numpak MRT? ‘’Nek lagi seneng yo kolo-kolo wong tuwek dadi koyo bocah maneh. Wis ah, awake dhewe podho ora ngertine opo motip tumindake si ibu.

Ora ngerti kok wani ngaran-arani? Aku malah pengin ngomongake babagan mental salto.’’ ‘’Ngunthal soto? Wah, njanur gunung sliramu, Jon, karep nraktir aku. Kamongko sliramu wis kuncoro medhite ora jamak. (Terkenal Pelitnya Setengah Mati)

Soto opo? Nang endi? Ayuuuh!’’ wangsulanku mung nggo memanis omongan, ugo nggo nguji kasabarane koncoku kuwi.

‘’Soto dhapurane kuwi! Ngomong karo wong sing ora lepel, sing utheke mung kebak perkoro badhogan mung dadi ngobong ati. Wassalam!’’ Ealah tenan, Jon arep tinggal glanggang nuruti atine kang gampang adreng.

Aku gage nyandhak bau kiwane. ‘’Sepurane, Bro. Mbok yo ojo dadi wong panasten lan mutungan. Mental salto mau kuwi kudu mbok babarake. Elmu anyar iki. Oleh soko ngendi? Ayo nang warung sik, ngopi. Aku sing mbayar wis, sak udude sisan.’’ Jon kendel sajak jaim. ‘’Ayo toh, Jon. Kopi sakudude.’’ ‘’Sori, Bro..

Kopi lan ududmu kuwi riswah. Suap. Arrasyi wal murtasyi illahuma fi naar. Sing nyuap lan sing nompo suap podho dijegurake nang neroko.

Sori, nek swargi aku nunut, nek neroko aku wegah katut.’’

‘’Halah, sampun duko, Pak Ustaz Jon Lebay. Anggepen kopi lan udud kuwi bisyaroh nggo sliramu. Sliramu mbabarake mental salto, aku oleh elmu anyar.

Saking senenge atiku nompo piwulang, yo sing mulang kuwi tak wenehi bebungah. Amarga guwayamu kaya ustaz, ya tembungku bisyaroh.’’ Jon gemuyu.

Alhamdulillah. Jon banjur kondho, ing antarane panyacat nggo si ibu kang gelantungan nang njero Ratangga kuwi ono kang nyebut kuwi prilaku kanthi mental salto.

Poro maos, mung sakdermo ngelingake, tembung ‘’salto’’ kuwi tembung Latin kang wis kamot ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) lan diwastani ‘’jungkir balik di udara’’.

Perlu ditambahake, salto kuwi uga dadi aran kanggo saperangan panggonan koyo to ing Sao Felipe (Tanjung Verde), kutho cilik ing Buenos Aires (Argentina), ing Sao Paulo (Brasil), lan ing wilayah Montalgre (Portugal).

Nang senam opo sirkus, salto kuwi dadi salah sijine gerakan andalan kang biso nggawe sopo wae paring pangalembono marang wong kang sukses lan indah olehe unjuk salto. Ora saben wong biso amargo angel lan kudu latihan suwe lan temen. Nang senam utawo sirkus, salto kalebu apik mergo sing nonton umume podho seneng.

Banjur nek kuwi diterapake nang mental utowo coro mikir utowo opo kang dadi lambaran tumindake wong kepriye? Jarene sing ngarani si ibu gelantungan nang MRT kuwi nduwe mental salto, kuwi dudu sikap mental utowo coro mikir kang becik, coro mikir jungkir-walik ora karuwan, coro mikir kang ora patrap. ‘’Koyo sing wis tak omongake, tumindake si ibu pancen kleru.

Kleru tumindak ing perkara cekelan opo gantungan opo yo kudu diarani dheweke nduwe mental sing jungkir-walik ora karuwan?

‘’Kok sajak sliramu mbelani tumindake si ibu kuwi?’’ ‘’Mbelani piye toh? Koyo iki sing kerep nggawe aku prihatin. Awake dhewe dadi wong-wong kang gampang nyimpulake ing samubarang.

Coro mikir cekak aos lan gampang nyimpulake iki sing kudu diruwat. Iki lagi rame-rame kahanan, ora kurang wong sing mikire cekak aos, gampang nyimpulake, gampang ngarani, lan gampang nyacat.’’

‘’Lo kok tekan kahanan?’’ ‘’Misale aku nembe omong, PARTO ki ono eleke, kowe biso wae sigro ngarani aku PEDHAL, yo kampret..

Samono ugo, nek aku omong, PEDHAL kuwi ono eleke, aku biso wae diarani PARTO opo cebong.

Kok cekak olehe mikir.’’ ‘’Wis ah, Jon, aku wegah ngrembug kuwi. Wis turah-turah nang endi wae. Balik nang babagan mental salto wae.’’

‘’Lah iyo, ngarani wong nduwe mental tertentu kuwi kudu binukteake lumantar saperangan tumindak.

Moso iyo, mung weruh wong gelantungan sawetoro nang panggonan sing kudune ora nggo gantungan wis diarani nduwe mental jungkir-walik? Sing nggawe aku soyo prihatin, sesebutan koyo mangkono sok-sok yo metu soko wong-wong sing kalebu inteletual, sing kudune nduwe akeh pratimbangan sakdurunge nyimpulake. Wis ngono wae ah!’’ Sepurane, poro Maos.

Mung arep ngomong apike awake dhewe kudu ora gampangan olehe ngarani, olehe njupuk simpulan, opo maneh gampang nyacat wong kang kleru, kok yo tinulis ndladrah nganti ngentek-ngentekake panggonan ing kolom iki. Tapi Panjenengan wong kang sugih pangapuro toh…Nuwun Njeh..?

 

 

SALAM REDAKSI

 

AWI dan MBAH MEMET

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *