OPINI: Sinau Ngudi Kaweruh, Kudu Wani Laku lan Pitukon

 

Foto: dok/Eka Awi bersama Gusti Puger (fokuslintas.com)

 

FOKUSLINTAS.com – Hakikate ngudi kawruh iku ngelmu, lelaku lan pitukon. Piwulang panguripan murih sampurnaning urip (lair tumusing batin), tan kendat kudu terus dilakoni, tundane tinemune ngelmu sejati kang asring sinebut ugo kasunyatan jati yo sejatine kasunyatan.

Murih ora kocar-kacir pisah cicir lan pegat pedhoting pamawas, wajibe jalmo jroning alam bebrayan agung, sawise nintingi bisoo ngiyakini kasunyatan jati jroning golong gilig nyawijine pamanggih. Cak-cakane, sakehing kasunyatan jati kang kapetik soko lelakoning urip kito, katiti lan ketoto nut papan panggonane dhewe-dhewe.

Permatine naliti lan tumatane mranoto, mbutuhake alus luwesing olah rahsaning manungso. Jroning serat madu roso, babagan olah roso iki kapontho dadi rong tingkatan, madu boso lan madu roso.

Madu boso antarane ngenani sopan santun, toto coro lan adat. Katelune digolongake lan dimaknani minongko pranataning ilmu lan pamawas lahiriyah, arupo reroncen toto boso murih antuk manising madu.

Olah roso kaloro kang luwih kenthel roso rahsaning batiniah, sinebut madu roso. Antarane tepo saliro, tepo palupi, unggah-ungguh, tuju panuju, empan papan, kolo mongso, dugo prayogo lan lambe ati.

Jumbuh kalawan filosofi adi luhung jiwo jawine wong jawi, warisane leluhur kito. Hakikate ngudi kawruh, sejatine keketraket tan biso uwal mring pamawas ngenani Guru bakal lan Guru dadi. Kang ginayut mring toto lahir sinebut Guru bakal, wewengkon lan cak-cakane arupo pasinaon ing pawiyatan, buku-buku piwulangan, pamawasing ilmu lan liya-liyane.

Ewondene Guru dadi iku ginayut mring jati dhiri roso lan rahsaning batiniyah, asring sinebut ugo mulatsoro dhiri utowo pangolahing kapribaden, kanggo nggayuh urip tentrem ayem lahir tumusing batin, tumuju kasampurnaning sangkan paraning dumadi.

Mulatsoro dhiri iku biso ugo dimaknani wajibe wong ngudi kawruh, utamane kang ono gandeng cenenge mring kawruh sampurnaning urip, tan keno ora kudu disranani lelaku lan pitukun. Cethane, sarat saranane golek ilmu iku kudu wani nglakoni lelaku.

Ngelmu iku kelakone kanthi laku, Lekasane lawan kas, Kas tegese nyantosani, Setyo budoyo pangekese dur angkara, (Kelakone antuk ngelmu iku sarono wani lelaku nglakoni lelakoning urip, kawiwitan soko kas kang ateges paring kasantosan utowo kekuwatan lahir batin, kasetiyaning mring darmo kanggo brasto angkoro murko)

Kacuplik ono ing tembang pocung  jroning serat wedhotomo, sejatine minongko piwulang luhur ngelmu laku. Soko tembung Wedho utomo kang maknane banyu wening, kautaman jiwaning manungso. Intisarine ngelmu laku ambangun luhuring budi pakarti lan cures punggese dur angkoro, murih sampurnaning urip lan panguripane manungso.

Kajobo minongko ngelmu lakune wong ngaurip, ono ing serat ugo dadi semangat laku spiritual-e manungso kang asipat universal tan mbedakake suku, bangsa lan agama. Jluntrung lan underane, minongko upacara dharma bektine manungsa mring Kang Maha Kuoso. Jroning filosofi filsafah jiwane wong jowo asring sinebut sembah rogo, cipto, rowo lan karso.

Pucuk pupusing laku ritual spiritual kang kinandhut jroning serat, minongko piwulang luhur murih kagayuhe sejatining urip, luwih kesdik waskito pamawasing mring jatidhiri, tambah keketrumaket manunggaling kawula lan Gusti ugo gegayuhan luhur murih antuking kanugrahan Gusti kang murbeng dumadi.

 

Oleh : Eka Awi

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *